Rabu, 09 September 2009

MACAM-MACAM DAN CONTOH PANTUN

1. Pantun Anak-anak

A. Pantun Suka Cita

Pitik wénéh mlebu nang kamar

Piyék-piyék biyunge ilang

Weroh ibu bali kang pasar

Dadi seneng waswas ilang


B. Pantun Berduka Cita
Iijo-ijo woh markisa

Di belah loro bosok isine

Nyong iki bocah rekasa

Ra duwe duwit élék rupane

2. Pantun Muda

A. Pantun Dagang
winih kacang ra ninggal lanjar

Nek wis tukul mrambat wite

Mlaku-mlaku nang kota banjar

Ja kelalen ngumbe dawete

B. Pantun Berhubungan

1. Pantun Perkenalan
Ngguya-ngguyu bisane jaran

Nek mlaku nganggo sepatu

sajake nyong pingin kenalan

Bocah ayu sapa aranmu

2. Pantun Berkasih-kasihan

Nandur wiji wektune awan

Moga-moga tukul uwite

Njajal-njajal nyenengi prawan

Moga-moga dadi jodone

3. Pantun Perceraian/perpisahan
mbanjar eseh nang jawa

Ora nang Kalimantan juga sulawesi

Nek nyong umure dawa

Ja kewater mesti ketemu maning si..

4. Pantun Beriba Hati

Manjat medun sayah nang ambal

Ora kerasa sandale keri

Bocah cilik klambine gombal

Melas temen sapa bapake endi

3. Pantun Jenaka
weruh uler awake ngrungkel

Keli nang kali di pangan yuyu

ati sapa sing ora mangkel

nyong kecetit batire ngguyu

4. Pantun Tua

A. Pantun Nasihat
akeh sayur didol nang pasar

ana juga dodolan pete

nek koe dolan nang pasar

ati-ati akeh copete

B. Pantun Adat

Wangi-wangi kembang kantil

Didambung ambune luntur

Para pemuda ja pada ngampil

Adat dijaga lemah dingu subur

C. Pantun Agama
walang anggas walang sangit

Mabur-mabur akeh kancane

mesti ilmu duwure selangit

Ora sembayang apa gunane

Tidak ada komentar:

Posting Komentar